23 May 2011

Aksara jawa, basa sing kalalekake.

Aksara Jawa dan pasangannya.
       Salah sawijine pratondo diajeni bangsa atawa suku yaiku saka basa, sumana uga bangsa jawa. Para kanca, kula salah sawijineng lare sing remen lan prihatin marang Aksara jawa, sing saya kekikis kemajuane jaman. Bocah-bocah enom luwih seneng geguneman anggawe basa gaul utawa basa inggris lan pada lali marang basane dewe. Apa meneh karo Aksara jawa, akeh basa sing mlebu menyang Indonesia lan ngilangi bebudayan ngomong, nulis, lan anggawe apa bae anggawe basa lan aksara jawa.
        Apa meneh saiki teknologi wis okeh sing anggawe basa inggris, basa inggris kabeh sing luwih tepak. Hananging iku gak gawe kurang semangate para bocah enom sing tresna marang budaya, basal an aksara jawa. Sumono uga kaya aku sing belajar nulis nganti basa jawa, lan dak ucapake saben dinane, lan usaha ake sripsi anggawe aksara jawa. Ora mergo jurusan sastra jawa, hananging amarga tresna marang basa jawa.
        Sumangga para pemuda lan pemudi ing tlatah jawa, kanti sareng-sareng bangun kabudayan jawa tumrap lingkungan sak kiwa tengene dewe. Supaya basa lan aksara jawa nggak dadi basa sing dilalekake, hananging dadi basa kang sering digawe, marang adicara kang penting ugi. Kayata ana Koran kusus gawe basa jawa, sajane kahanan koyo ngono iku dibutuh ake masyarakat lan gawe ngembangake budaya nulis jawa tumrap wang jawa. Saiki ya wis ana televisi lan radio sing nyiarake adicara anggawe basa jawa. Iku bantu anae panggawean basa jawa ing saben dino.
        Lan aksara jawa iku sumono uga, aksara kang kaisi saka “ha, na, ca , ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, da, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga.” Iki wis dadi barang langka. Kalah karo basa inggris, bocah-bocah cilik malah luwih paham basa inggris tinimbang aksara jawa iku dewe. Sumonggo para pawasta, lan para pamiarso blog tyasharyadi.blogspot.com pada-pada ngangsu kawruh aksara jawa lan digawe marang sabendino. Muga-muga migunani, amin… ^_^

Related Posts:

  • PurwacarakaTranskripsi       Transkripsi adalah alih tulis naskah tanpa mengganti jenis tulisan naskah yang disalin, misalnya dari … Read More
  • Mengenal Sastra Jawa Kuno       Sastra Jawa Kuno atau seringkali dieja sebagai Sastra Jawa Kuna meliputi sastra yang ditulis dalam bahasa Jawa Ku… Read More
  • Jenis Kepemimpinan ala Jawa       Ing ngandhap kados pundi lampahing para pemimpin saking ular-ularing para sarjana sujana ing jaman kina. Kula pen… Read More
  • Raja-raja tanah jawa Pakubuono X beserta istri.        Jika kita menilik daerah jawa yang dahulu sangat kental dengan budaya jawa, tentu ki… Read More
  • The Legend of Java The Legend of Java.        The domain of Nyi Loro Kidul, the legendary queen of the South Seas, is Parangtritis in Ce… Read More

5 comments:

  1. sae atuh kang... :d

    ReplyDelete
  2. suwun tular kawruhipun...add kulo fb sarwo rewo rewo follow tweet @ragil_sarwo

    ReplyDelete
  3. sami2 kang, monggo, sewantun ugi gadahan kula nggih... :)

    ReplyDelete
  4. Great and I have a tremendous present: Can You Hire Someone To Renovate A House contractors near me for home renovation

    ReplyDelete

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com