7 Jan 2011

Basa jawa, basa leluhur kita

       Kasusastran jawa menika sampun dangu boten dikumdangaken kalian lare-lare anem, punapa? Sampun katah ingkang pirsa, ningali wonten kahanan saben dinten langkung katah lare anem damel basa inggris utawi basa arab, jerman, belanda, lan sak piturutipun. Hananging langkung sekedik ingkang andamel basane piyambak damel basa saben dinan, inggih menika basa jawa. Basa jawa utawi langkung eco diwasta basa jawi menika inggih salah sawijineng kaistemewan saking bangsa jawa niku piyambak. Basa jawa menika miasal saking india, punapa saget mekaten?

Asal muasalipun basa jawa.
       Basa jawa punika muasal saking bahasa sansekerta, inggih menika basane tiyang india. Ingkang katah ditemoni wonten kitab-kitab ipun sesepah jawa, kados empu tantular, lan kitab ramalan joyoboyo, ngantos sejarah kerajaan-kerajaan. Sak lajengipun basa sansekerta menika sampun mboten dinamel kalian masyarakat amargi pun mboten luwes maleh. Lan sak lajengipun menika wonten basa kawi, basa kawi menika tasih didamel ngantos dugi wanci niki. Punapa kemawon ingkang kelebet basa kawi? Salah satunggalipun ingkang saget kula tuladha aken inggih menika “nyuwun agunge samudra pangaksami” menika katah dipun wasta wonten dinten riyadin. Utawi “tlatah” menika nggadahi karep panggonan utawi daerah. Lan basa kawi sak menika ugi mboten dipun damel meleh, hananging ingkang didamel sak menika basa jawa. Basa ingkang kita (tiyang jawa) damel wonten pakaryan saben dintenipun.
 
Tingkatan wonten basa jawa.
      Menawi wonten basa inggris wonten wastanan past, past perfect, past tense lan sak piturute. Wonten basa arab wonten fiil madzi, al an, lan sak piturute ugi. Wonten basa jawa ugi wonten pamilah-milahan dateng pawastoan basa jawa, sak menika dipun pilah dados sekawan inggih menika krama alus, krama, ngoko alus, lan ngoko lugu. Kromo alus menika kados ingkang kawula damel wonten postingan sak menika, krama alus inggih menika basa ingkang langkung sae wonten ing basa jawa. Sak lajengipun basa krama menika sak ngandapipun kromo inggil, sak lajengipun inggih menika ngoko alus lan ngoko lugu, basa kekaleh menika langkung katah didamel wonten pagesangan saben dinten wonten ing masyarakat jawa sak menika.
 
Punapa kedah damel basa jawa?
        Tasih imut “ganyang malaysia”? menika salah sawijine kahanan ingkang mboten diremeni bangsa indonesia lan suku jawa. Negeri malaya menika ngakui menawi kabudayan kados reog, batik, lan katah maleh kabudayan ten negeri nusantara sak menika. Napa purun basa kita dipendet kalian bonekaipun inggris menika? Pun wancine kita kedah remen, tresna, lan migunaaken basa kita piyambak-piyambak, supadoso mboten kados kahanan wingi-wingi.
        Katah ingkang wasto menawi basa jawi menika basa tiyang sepah, nopo mbenjang kita mboten bakalan dados sepah? Milai wanci niki, sumangga kita damel basa ingkang sae menika dados warisan leluhur kita sedoyo ingkang sae lan migunani damel kaayeman lan katentreman bangsa. Mugi-mugi migunani damel kula lan panjenengan sedoyo, matur suwun ingkang sak katahipun. ^_^

0 komentar:

Post a Comment

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com