17 Mar 2013

Tomat lan Manfaate (versi basa jawa)

Tomat, buah ingkang katang manfaate.
Assalamu'alaikum warohmah wabarkah alhamdulillah hirobbil 'alamin, Asyhadualla illa ha ilallah, waasyhaduanna muhammadarrosulullah..... 
        Mugi-mugi gusti Allah ingkang makarya jagad, ingkang andamel gesang paring kaharajan, kawilujengan dumateng kula lan panjenengan sedoyo. InsyaAllah kula lan panjenengan sedaya hambanipun ingkang sukses dunya akhirat. amin Wonten wedal punika kula badhe maparaken sekedik pigunanipun tomat, inggih punika salah sawijineng ciptaanipun gusti Allah. Sedaya ingkang dipun damel kalian Allah, katah sanget pigunanipun, semanten ugi tomat. 
       Tomat mujudaken tetuwuhan ingkang paling gampil diprangguli. Wernanipun ingkang abrit saget dados paugere paningal. Sak sanesipun katah ngandung vitamin A lan C, tomat ugi dipercados saget ngobati katah penyakit. kadoso sejarahipun tomat utawi basa latinipun 'Lycopercisum Esculentum' tlatah asalipun ten Peru, Ekuados lan Bolivia. Menawi wonten Perancis dipun arani kalian asma 'Apel Cinta' utawi 'Pomme D'amour'.
       Dr. mieristika Rooselani (28 taun) saking Dura Skin Center, maparaken menawi tomat menika gadahi mupangat katah tumrap angganipun manungso: ngandhut gizi lan 'fitonutrien' kadoso pro vitamin A, vitamin B1, vitamin C, mineral, kalsium, wesi, welirang, kalium, fosfor, lycopenen, saponin, lutenin, caumarin, asam sitrat lan serat. 
       Tomat sae damel tiyang ingkang diyet lan wadon ingkang gadah kepinginan ayu parasipun. 'Lycopene' menika saget nyegah kerut lan flek ireng dateng kulit amargi sunaripun srengenge. saking penelitian menawi 80% kerut ten kulit manungsa menika kasebabake sunaripun srengenge. 'Lycopene' gadah 'antioksidan' ingkang ampuh damel ngirangi 'penuaan dini' ingkang dipun sebabaken sunaripun srengenge. 
      Salah satunggalipun situs internet nganjuraken nambah tomat dateng dedaharan, kadoso : spaghetti, pizza, sup, utawi sanesipun. Punapa kedah milih ingkang dipun masak? Tomat ingkang dimasak kadhutan 'lycopene' saget mindak ngantos sekawanipun katimbang mentah. Ananging kedahe dipun godok punapa kukus, sanes goreng, amargi 'lycopene' mboten gampil diserap kalian angga menawi digoreng. 
        Ngunjuk setunggal gelas jus toman saben dinten dipercados langkung sae tinimbang ngunjuk jus jeruk. Amargi sak sanese vitamin C kados ingkang digadahi jeruk, tomat ugi gadah 'lycopene'. Damel ingkang mboten remen tomat, wanten ugi 'suplemen lycopene', nanging kedah rerembugkan kalian dokter menawi badhe migunakake. Pigunanipun tomat tumrap kasarasan sejatosipun pun dangu dipun teliti. Salah sawijining menika Dr. John Cook Bennet saking Wiloughby University Ohio. 
      Saking penelitianipun Dr. Joh dilapuraken menawi tomat saget ngobati gangguan pencernaan, diare, mulihaken pigunanipun liver, lan serangan empedu. Riset sak sanesipun ten Rowett Research Institur, Aberdee, Scotlandia, dipun tepangake menawi gel ingkang werno kuning ingkang ngelindungi wijinipun tomat menika saget nyegah 'penggumpalan' lan 'pembekuan' getih kang nyebabaken stroke lan gerah jantung. Subhanallah, sak menika dereng diteliti langkung malih saking kulitipun tomat, godong ipun, batang, oyot, lan sak sanesipun. 
       Menawi mangertosi, sedaya ingkang dipun ciptaaken gusti Allah tansah katah hikmah lan pigunanipun damel manungsa. Mugi-mugi kula panjenengan sedoyo saget belajar lan ngelestarikaken sedaya tetanduran, salah sawijinipun tomat menika. Semanten rumiyin, menawi wonten leresipun menika saking Gusti Allah, menawi katah lepat lan luput menika saking kula. Akhirulkallam, billahtoufik walhidayah waridho wal'inayah, wassalamu'alaikum warohmah wabarkah.... Saking Tyas Haryadi, Cah Angon... ^_^

0 komentar:

Post a Comment

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com