2 Jun 2011

Lagu kanak-kanak jawa, mengenang masa kecil

Anak2 bermain di senjahari.
       Sak wantawes wedal, lagu-lagu jawa wis wiwit kalalekake. Apa meneh lague gawe bocah cilik, mulai dak lalekake lan pada ora weruh. Eling wayah isih cilik mbiyen, lagu gajah-gajah, kucingku telu, gundul-gundul pacul, cublek-cublek sueng, lan sak piturute tansah akeh lan bagus-bagus. Menika salah sawijine lagu-lagu bocah cilik kang iso take mot lan bisa dadi pelipure kangen kahanan cilik mbiyen.
        Salah sawijine yoiku “gajah-gajah”:
“ gajah-gajah, kowe tak kandani jah,
mripat kaya laron, suing loro kuping gedhe.
Tansah nganggo tlale jah, buntut cilik, tansah kopat-kapit.
Sikil kaya bumbung, sikil kaya bumbung, mung mlakumu megal-megol.”
        Ana meneh “kucingku telu”:
“Kucinku telu, kabeh lemu-lemu.
Sing siji abang, sing loro klawu.
Meang-meong, tak pakani lontong.
Atiku seneng, kancaku domblom.”
        Lan ana uga lagu “gundul-gundul pacul”:
“gundul-gundul pacul cul gembelengan,
Nyunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan,
Wakul numplek segane dadi sak ratan,
Wakul numplek segane dadi sak ratan.”
        Sing tak eling meneh yaiku “cublek-cublek sueng.”:
“cublek-cublek sueng, suenge teng gelenter,
Tak gendo leya-leyo sapa guyu ndelekake,
Sir sir pong dele kopong, sir sir pong dele kopong.”
        Endah tenan lagu-lagu jawa iku, sumongga kita lestarekake budaya jawa, salah sawijine yaiku basa jawa lan lagu jawa. Muga-muga ana faedahe gawe kita sedaya… amin, saking peweneh warna, tyas haryadi. ^_^

Related Posts:

  • PurwacarakaTranskripsi       Transkripsi adalah alih tulis naskah tanpa mengganti jenis tulisan naskah yang disalin, misalnya dari … Read More
  • The Legend of Java The Legend of Java.        The domain of Nyi Loro Kidul, the legendary queen of the South Seas, is Parangtritis in Ce… Read More
  • Jenis Kepemimpinan ala Jawa       Ing ngandhap kados pundi lampahing para pemimpin saking ular-ularing para sarjana sujana ing jaman kina. Kula pen… Read More
  • Mengenal Sastra Jawa Kuno       Sastra Jawa Kuno atau seringkali dieja sebagai Sastra Jawa Kuna meliputi sastra yang ditulis dalam bahasa Jawa Ku… Read More
  • Raja-raja tanah jawa Pakubuono X beserta istri.        Jika kita menilik daerah jawa yang dahulu sangat kental dengan budaya jawa, tentu ki… Read More

0 komentar:

Post a Comment

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com