20 Feb 2011

Pangeran Kodhok

       Pangeran saka Negara tirtakencana lagi tindak ngumbara ,ngubengi jagad seperlu ngupaya putri kang bakal didadekake calon garwane.anggone ngumbara, sang pangeran nyamudana kaya rakyat lumrah ,rupa kang bagus ngagem topeng rupa kodhok. Awake dipulas kaya kulit kodhok mbengkerok. Ora ana kang ngerti Manawa pangeran kodhok iki mau sejatine calon raja saka Negara kang kondang Negara emas.
       Ing sawijine kutha ana sayembara golek mantu. Ana putrid lara kang sulistya ing warna kanga arep digolekake jodho deneng bapake. Putri mau aran Sri wulanlan Wulansari. Bapake Sri Wulan lan Wulansari banjur ngancarani. “para sedulur, kaya kang kawedhar ing pariwara, aku bakal nggolrkakr jodho anak-anakku. Sapa bae kang kapilih lan disarujuki anak-anakku bakal dak tampa kanthi senenge atiku. Saiki anak-anakku lagi semaput, sing sapa bisa gawe eling marang anakku yoiku kang dadi bojone.”
       Kang melu sayembara ora mung siji utawa loro nanging atusan. Siji mbaka siji padha maju saperlu gawe elingi sang putrid, nanging para putrid panggah semaput ora eling-eling. Nganti mung kari pangeran kodok. Tekan ngarepe putrid kang semaput sang pangeran ngrapal mantra, sanalika putrid loro padha eling.
“Adhuh, aku ngelak banget, aku nyuwun ngombe. Pangeran kodok banjur ngulungake ombe gelas isi banyu putih marang Sri Wulan. Nanging Sri Wulan rumangsa gila, weruh rupane Pangeran Kodhok, malah nganti muntah-muntah ing jambrah. Ganti Pangeran kodhok menehake gelas isi banyu putih mau marang Wulansari. Wulansari banjur nampani gelas gelas iki maul an diombebanyune saglenggengan entek. “ Matur nuwun banget Ki Sanak, wis kersa ngilangake ngelakku.”
        Pangeran Kodhol banjur kadhaupake karo wulansari. Pahargyane digawe gedhen kanthi nanggap tontonan warna-warna.
        Mugi-mugi crita Pangeran Kodhok niki saget kapendet hikmahipun kalian kula lan panjenengan sedaya.amin ^_^

2 comments:

  1. pangeran kodok?
    bhs jawa?
    bagus2 :D

    ReplyDelete
  2. yups, wjud kcintaan kpd budaya jawa. ^_^
    selalu bangga dengan budaya negeri sendiri.

    ReplyDelete

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com