Para sederek, sampun dangu mboten damel panulisan basa jawa. Sampun kawula posting kala wingi-wingi kados lare ingkang sae, utawa pangeran kodhok. Mugi-mugi posingan sepindah niki nggadahi manfaat ingkang sae damel kula lan panjenengan piyambak. Indhonesia duweni okeh suku, kawiwit suku jawa, sunda, Madura, batak, bugis, makasar, lan sak piturute. Ananging yen dadi kawula enom ingkang pados ilmu kudune sing matuhu lan tekun. Punapa? Amargo ilmu iku mlebune marang pikiran setitik-setitik, mowo iso dadi gunung. Sapa meneh yen dudu kawula enom sing bisa ngawiwiti apa bae sing apik,tanpa kejaba sinau tekun iku.
Mula, ayo poro konco sing ono ing indhonesia lan utamane gawe katurunane jawa. Sumongga kita bisa dadi bangsa ingkang ageng lan mituhu kawiwitan wedal menika. Sinau iku kahanan sing garai bosen, ananging salah sawijine kahanan iku dadi kasenengan gawe nambah ilmu. Salah sawijining syarat supaya sinau kita iso tekun ono telu. Kaping sepisan yoiku sinau amarga niatan ingkang bener. Punapa niatan ingkang bener menika? Yaiku diniatake gawe ibadah, amarga yen diniatake gawe ibadah bisa oleh ilmu gawe donya lan akhirat ugi pahalane. Niat iku dadi pedoman utama lan sing garai sinau bisa ing kahanan manah sing nyenengake.
Kaping pindo yaiku rasa seneng marang apa sing dak sinau. Yen saben dina anamung maca buku pelajaran lan Koran bisa garai bosen. Ananging yen maca majalah bal-balan utawa majalah sinetron bisa dadi kasenengan iku luwih becik gawe sinau. Amarga saka kahanan-kahanan sing sederhana ngono iku mau bisa garai kabeh menungsa seneng marang sinau. Dadi wiwiti sinau kanti rasa seneng marang apa bae sing bisa garai kita seneng marang apa iku sinau.
Lan sing pungkasan yaiku ikhlas, yen kepengen tekun iku kudhu ikhlas. Punapa? Yen ngalokake pakaryan tanpa ikhlas menawa during ana kasile kita bisa mandek. Ananging yen ikhlas, kasil apa gak kasil tetp dak lakoni nganti tekun. Amarga kasil gake iku dudu sing utama, ning usaha terus-terusan lan tanpa nyarah iku dadi kahanan sing digoleki. Mula sumangga kita nyiptakake kahanan marang awake dewe yaiku tekun sinau gawe niat sing bener, seneng marang apa baw sing dak sinau lan ikhlas. Insyaallah gusti ingkang makarya jagat bisa maringi berkahe, amin ya rabb, ^_^

0 komentar:
Post a Comment