Tokoh sastra Jawa Suprapto Brata ngakoni wong sing bisa maca lan nulis nganggo Basa Jawa saiki saya kurang. Sebabe, Basa Jawa wis ora dadi basa tulisan maneh. Pathokaning Basa Jawa dadi ora baku, banjur ilang tanpa cathetan. Sing dadi panutan Basa Jawa kari basa pacopan, siji lan sijine ora padha, gumantung saka pangrungu. Apa meneh yen sing dadi panutan iku seje-seje. Pathokane basa dadi owah gingsir.
Generasi putu wis ora kaya generasi embah. Bisa bae embahe biyen ngerteni tembung Jawa cacah 600 tembung. Tiba ing generasi putu kari 400 tembung. Upama si bapak isih bisa muni “boten”, nanging putune ora bisa maneh ngucap “boten”, tembung sing dingerteni kari “ora”. Ing taun 1960 nalika cacahe wong Indonesia 60 yuta, wong sing ngomong Jawa udakara 35 yuta. Tembung Jawa sing dienggo padinan udakara 2000 tembung. Taun 1980 wong sing ngomong Jawa watara 60 yuta, ning tembung Jawa sing dienggo padinan mung udakara 400 tembung.
Tembung-tembunge, unggah-ungguh, lan paramasastrane wis padha owah. Suparto Brata olehe kandha ngono kuwi ing saresehan sastra lan basa Jawa sing diadani dening Taman Budaya Jawa Tengah ing Surakarta Juni 1993. Manut pengalamane Suparto Brata ing taun 1960 ana sawijining majalah Basa Jawa sing tiras/oplahe bisa ngancik 80.000 nganti 120.000 ekssemplar. Mangka wektu kuwi racake penerbitan layang kabar/ majalah Basa Indonesia mung watara 7.000 nganti 10.000 eksamplar. Paling top 20.000 eksemplar. Apa maneh taun 1950-1956, koran Basa Walanda oleh terbit ing Indonesia. Koran-koran ing Surabaya, Semarang, Bandung pasarane kesedhot koran-koran basa Walanda kuwi, sing tirase bisa ngancik 20.000 eksemplar. Nanging tirase majalah Basa Jawa Nglancangi adoh banget nganti 120.000 eksemplar kaya kasebut ing ngarep.
Apa sebabe majalah Basa Jawa nalika kuwi bisa luwih narik kawigatene para maos tinimbang sing Basa Indonesia lan Walanda? Pak Parto ngarani nalika kuwi wong Jawa sing sugih lan kuwasa isih durung prigel ngasah lan ngudal pikiran nganggo Basa Indonesia.
Tumrap wong-wong kuwi Basa Jawa luwih pepak lan luwih sreg kanggo medhar rasa lan pikiran tinimbang Basa Indonesia. Yen ana tembung Jawa sing ora trep kanggo ngudal pikiran, banjur enggal nyilih Basa Walanda. Bareng tulisan Jawa kari mung diwulangake ing sekolahan nanging ora kanggo gawe ing bebrayan padinan, lan wong-wong wis pinter migunakake basa saliyane Basa Jawa, saka sethithik ora krasa yen basa dhaerah wis ora kopen maneh.
Wektu kuwi swargi Bapak Roeslan Abdoelgani minangka Menteri Penerangan uga ngaku wis ora kulina nganggo basa dhaerah. Senajan asli Plamitan, Surabaya, Basa Jawa-ne grothal-grathul. Basa Jawa diarani ora kopen dening Pak Suprapto Brata awit wong Jawa ora gage nggunakake basa Jawa kanggo medhar pikiran-pikiran anyar, mbabar kemajuane jaman sarana nulis lan njarwakake buku-buku sastra, kawruh, lan teknologi marang Basa Jawa. Merga ora trampil Basa Jawa dadi kurang pepak, wagu minangka tulisan lan wacan. Para maos saya suda cacahe. Pers Jawa sing kulina ngladeni para maos sing setya kuwi kapeksa milih isi, kabar, informasi sing cocok karo ketrampilan basane para maos generasi anyar.
Senajan sing caturan nganggo Basa Jawa saya akeh, nanging ora sinau maca lan nulis nganggo Basa Jawa. Apa maneh tulisan Jawa, generasi anyar wis ora gelem nyinau sebab dianggep ara kanggo. Bareng karo majune jaman lan tekane teknologi anyar sing mahanani bebrayan gupuh golek sandhang pangan, kabeh kaya wis ora kober maneh memaca sing ora ana gepok senggole karo pangupajiwa. Budaya maca klebu barang mewah lan angel kenggone wong Indonesia. Wong Indonesia modern luwih dhemen nampa ilmu, kawruh, kabar apa wae sarana ngrungokake radio utawa nonton televisi tinimbang maca. Mangka tekan seprene iki, durung ana sing nandhingi ampuhe tulisan kanggo ngisi bibit menepe kawruh ing ati lan pikiran. Wegah maca nyebabake wong kalah maju karo wong sing dhemen maca.
Sejatine Basa Jawa ora mung dadi basa budaya, basa pangocap, basa rasa. Basa Jawa uga tau dadi basa modern mandhegani lan madhahi pikirane wong Jawa dadi maju. Sabanjure tumangkar lan lestarine basa Jawa kari gumantung marang wong Jawa dhewe. Arep digawa basa apa? Basa tulis, pers, basa tekhnik, sakarepe. Arep diumbar ono kopen ya bisa bae. Nanging Pak Suparto Brata sing lair ing “jaman emas” sastra Jawa, kandha, basa Jawa ora bakal mati senajan mung kari dadi basa pacopan.

0 komentar:
Post a Comment