8 Jan 2011

Lare ingkang sae

Bocah iku becik sing sregep sinau
Dhemen mikir apa sing perlu dipikir
Aja kerengan, aja kerengan
Ja dhemen tantang-tantangan

Becik rukun, yen nggarap aja mung nurun
Aja srei, jail methakil lan drengki
Aja gelut, aja gelut
Yen disawang ora patut

Mbok sing gagah, ora cerhil ora srakah
Dhemen tulung kancane sing lagi bingung
Aja kerah, aja kerah
Yen kewan mangkono lumrah

Sing mituhu, mempeng olehe sinau
Karo ngundi, setya susila tur bekti
Aja padu, aja padu
Krungu liyan katon saru

Tetep teguh, ajeg nggone golek kawruh
Watak apik, sregep klakuane becik
Aja ngece, aja ngece
Marang wong sing ora duwe

0 komentar:

Post a Comment

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com