16 Jan 2011

basa nasional-basa daerah-basa jawa standard

       Wiwit tahun 1928 basa indhonesia wis katetepake dadi basa nasional,basane bangsa indhonesia. Basa indhonesia dadi sarana, dadi piranti kanggo sesrawunganing wong siji lan wong sijine,kayata sesrawungane wong jawa lan wong sundha, wong madura lan wong batak, wong bali lan wong makasar. Wong-wong iki uga (basa indhonesiane”suku”) padha duwe piranti dhewe-dhewe sing disinau, dilatihake wiwit cilik dening wong tuwane. Wong-wong iku duwe piranti dhewe kanggo srawung karo sapadhapadhane kang nunggal suku. Basa kang dienggo mung yen srawung karo wong liya nunggal suku diarani basa dhaerah, umpamane: basa sundha, basa madura, basa bali, basa jawa, lan liya-liyane.
        Basa dhaerah lan basa nasional kudu bisa urip bebarengan. Kekarone padha duwe ayahan, sesanggeman, jejibahan utawa tugas dhewe-dhewe. Basa nasional ngayahi sesanggeman kang sifate sarwa resmi dene baasa jawa dienggo samangsa-samangsa ora resmi.
        Coba wenehana tuladhane sawetara, kaanan resmi lan sing ora resmi! Kita khudu ngreti mangsane nganggo basa daerah lan mangsane nganggo basa nasional. Uripe basa loro kasebut padha daya dinayan. Subur ngrembakane basa nasional awit saka pangrabuking basa dhaerah. Basa dhaerah dhewe uripe kepribawan, kedayan dening basa nasional.
         Kowe apa bisa menehi tuladha ing bab daya dinayan iki? Katandhing karo basa madura lan basa sundha, sing tebane jembar dhewe lan sing onjo dhewe iku basa jawa. Basa jawa iku dienggo dening wong ing tanah jawa tengah lan jawa wetan kejaba laladan besuki tekan prabalingga sisih lor kang basane campuran ana kang nganggo basa jawa ana kang nganggo basa madura.
        Basa jawa iku ing saben panggonan, sanadyan isih kalebu ing laladane basa jawa ana sing menjila, geseh karo basa kang umum. Ana sing geseh pakecapane utawa geseh laguning paguneman ana sing geseh tetembungane sawetara, ana uga sing rada geseh paramasastrane.
Umpamane:
Aku ana uga sing: reyang, inyong, nyong, ingsun, ensun.
Kowe ana uga sing: kon, pena.
Ko… ana uga sing: …em.
… aken ana uga sing dienggo ngoko (cirebon).

Ing sawenehing papan ora duwe tembung “ora”.
Saweneh ana kang beda utawa owah pakecapane kayata:
Waluh – walah, suruh – suroh, telih – telah, ngelih – ngeleh.
Ana maneh tembung kawi kang kalumrah kanggo padinan ing sawenehing papan, umpaman: weka, yoga, ndulu.
       Basa-basa kang manjila utawa geseh karo basa kang umum mau diarani bas enggon-enggon (dialek), umpamane: dialek Cirebon, Banyumas lan Tegal, Yogyakarta, Surakarta,, Madiyun, lan Semarang, Rembang, Banyuwangi.
Dene pakecapane basa jawa iku kena kapilah dadi loro, ngoko swara a miring lan nganggo swara a jejeg. Basa jawa sing sisih kulon nganti nglanjak tekaning Pekalongan sarta wewengkon Bengelan nganggo swara a miring dene liyane sapangetan nganggo swara a jejeg.
       Rehne basa jawa mau geseh-geseh prelu banget yen ana basa kang dienggo pepakem, dadi basa kang umum, kang dienggo panutan, kanggo ana ing layang-layang sarta kawulangake ana ing pamulang. Dene sing ditetepake dadi basa jawa umum, basa jawa pekekem, basa jawa panutan utawa basa jawa standar iku mau basa ing Surakarta kang pranyata dianggep becik pakecapane apa dene akeh babaran layang-layang kang edi peni penganggite.

0 komentar:

Post a Comment

sealkazzsoftware.blogspot.com resepkuekeringku.com